Kamis, 21 September 2017

Resensi Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna Wiwaha




Resensi Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna Wiwaha

Identitas Buku

1.     Irah-Irahan            :         Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna Wiwaha
2.     Panganggit            :         Diyono, BA.
3.     Panerbit                 :         CV. Cendrawasih
4.     Kacithak Wonten  :         Sukoharjo
5.     Kacithak Warsa     :         1997
6.     Cacahing Kaca      :         156 Kaca

Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna Wiwaha dening Diyono, BA menika nyariosaken lampahing Raden Harjuna. Lampahan Harjuna Wiwaha menika nggadhahi teges “Perkawinan Harjuna” syair menika dipun serat dening Mpu Kanwa ingkang gesang nalika jaman Raja Airlangga, raja wonten Jawa Timur warsa 1019-1042. Harjuna menika salah satunggaling lakon saking Mahabharata. Wonten menika ipun cariosaken kados pundi Harjuna tapa brata wonten redi Himalaya gadhah kekarepan supados pikantun kasaktian kangge merangi para gandarwa. Lampahan Harjuna Wiwaha menika dipun damel kanthi adhedhasar pangertosan buku antawisipun lampahan Makutharama babon Ki Wignyosutarno, lampahan Irawan rabi dening Ki Noyowirongko alias Atmocendhono, serat lampahan Dewaruci dening Sudarko S.Kar. lan buku sulukan dening Ki Darsomartono lan sanes-sanesipun.
Wonten pambuka menika dipun cariosaken menawi dalemipun para Dewa utawi Bathara Indra dipun ancem kaliyan para Gandarwa ingkang dipun pimpin dening raja ingkang kagungan nama Niwata Kawaca. Namung tiyang sekti ingkang saged mupusaken kadurjanan menika. Piyambakipun sampun siap kangge nyerang lan nremukake kahyangan Bathara Indra. Niwatakawaca boten saged dipunkawonaken kaliyan sinten kemawon, mbok menika Dewa utawi buta sanesipun. Amargi menika, Bathara Indra badhe nyuwun biyantu kaliyan tiyang kangge nglawan buta kasebat. Tiyang ingkang dipun suwuni pitulung menika namanipun Arjuna putra tengah Pandawa ingkang kala semanten saweg mertapa wonten Gunung Indrakila.
            Ananging sakderengipun Bathara Indra nguji kasabaran Harjuna menawi nglampahi tapanipun. Pitu widadari ingkang ayu-ayu dtimbali kangge nglampahi tugas menika. Widadari ingkang langkung wigati saking pitu widadari menika namanipun Suprabha lan Tilottama ananging boten saged godhani Harjuna. Saklajengipun rajanipun para Dewa inggih menika Dewa Indra ingkang badhe nguji Harjuna.Dewa Indra menika muncul dados wujud Resi ingkang dukani Hrjuna menawi tapa brata Harjuna ingkang sampun dilampahi menika namung ngoyak pambebasan piyambakipun. Harjuna mangsuli menawi kaslametan piyambak menika sanes ancasipun, ananging kaslametan tiyang sanesipun. Dheweke kepengin biyantu kaluwarganipun saking perang pungkasanipun. Raja Gandarwa badhe mateni Harjuna, Dheweke ngutus celeng ingkang gadhah nama Momong Murkakangge ganggoni tapa Harjuna ananging Harjuna saged mateni celeng kasebat. Ananging nalika Harjuna ngeculke panah, Bathara Siwa ugi ngeculake panah dening celeng kasebat satemah kalih-kalihipun panah wau dados setunggal lan mateni celeng kasebat. Lajeng padha rebutan sinten ingkang mateni celeng kasebat. Menika ugi ujian kangge Harjuna, boten kepareng sombong. Ananging Harjuna saged ngliwati ujian kasebat lan dipunparingi panah ajaib ingkang gadhah nama Pasopati. Lan tapa bratanipun sampun pungkasan.
            Utusan saking khayangan dhateng nyuwun pambiyantu saking Harjuna kangge perang lawan Niwata Kawaca. Harjuna boten seneng ananging tetep sarujuk. Dipun damel rencana kangge perang menika. Kaliyan biyantu saking widadari Supraba ingkang sampun dipun lamar dening raja Gandarwa lajeng Harjuna mangertos rahasia Niwata Kawaca menawi pucuk ilathinipun kena dheweke bakal mati. Lajeng perangipun dipuntindhakake lan Harjuna saged ngeculke panahipun lan ngenani lathinipun Niwata Kawaca lan mati.


Kekurangan
1.      Bahasa ingkang dipun angge angel dipun mangertosi
2.      Kertas ingkang dipun angge buram satemah angel dipun waos
3.      Boten wonten daftar isinipun
Kelebihan
1.      Isinipun sampun lengkap
2.      Sampulipun sae amargi gadhah kathah werna werni
3.       wonten kathah tuladha ingkang saged dipun tuladha saking serat menika









Tidak ada komentar:

Posting Komentar