Rabu, 20 September 2017

Pasisir Somandeng



Pasisir Somandeng


Dinten minggu menika kula lan kanca-kanca badhe bidhal Pasisir Somandeng. Kula nyuwun pamit kaliyan Bapak lan Ibu wonten griya lan nyuwun arta kangge sangu lan tumbas bensin nalika wonten margi. Kula lan kanca-kanca Kula kempal wonten MAN Yogyakarta 3 amargi sampun nyaguhi kempal wonten mriku tabuh 7. Sakderengipun bidhal Kula lan kanca-kanca ngecek sepedhah montoripun ingkang badhe dipun titih dhateng Pesisir Somandeng. Nyambi nengga kanca-kanca sanesipun kempal Kula lan kanca-kanca ingkang sampun dugi Kula lan kanca-kanca nedhi wonten burjo ngajeng MAN Yogyakarta 3 menika Kula mangan omelet kaliyan ngombe es jeruk. Saklajengipun kanca-kanca sanesipun sampun dugi MAN Yogyakarta 3 lan Kula lan kanca-kanca numpaki sepedhah motor piyambak-piyambak lan ingkang boten beta menika bonceng wonten kanca ingkang beta sapedhah motoripun. Kula lan kanca-kanca bidhal tabuh 9. Saking MAN Yogyakarta 3 dumugi Pasisir Somandeng menika betahaken wekdal 2 jam. Kula lan kanca-kanca dugi Pasisir Somandeng tabuh 11.
Dumugi Pasisir Somandeng Kula lan kanca-kanca markir montor wonten panggenan ingkang sampun dipuncawisake. Saklajengipun Kula lan kanca-kanca lenggah wonten gubug ingkang celak saking Pasisir Somandeng menika. Nembe sekedhap mireng suara azan wonten mushola jejeripun gubug menika. Kula lan kanca-kanca sholat rumiyin lajeng Kula la kanca-kanca nedhi malih wonten warung amargi tanaganipun sampun telas wonten margi kala wau. Saklajengipun Kula lan kanca-kanca gantos rasukan wonten pakiwan lan dolanan wonten Pasisir Somandeng. Kula lan kanca-kanca nglangi wonten pasisir menika lan dolanan wedhi dumugi sonten. Saklajengipun Kula lan kanca-kanca adus lan selfie wonten celak parkiran sapedhah montor lajeng wangsul. Sakderengipun wangsul Kula lan kanca-kanca mampir wonten Pathuk. Wonten Pathuk menika wonten wisata namanipun Bukit Bintang, wonten mriku kita saged ningali Kutha Ngayogyakarta saking nginggil. Kathah lampu ingkang saged kita tingal sinambi nedhi dhaharan wonten warung-warung Bukit Bintang menika. Dhaharan menika werni-werni, wonten sega goreng, mie godhog, jagung bakar lan sakpanunggalane. Wonten unjukan ugi inggih menika teh anget, es jeruk, jahe anget lan sakpanunggalane. Saklajengipun Kula lan kanca-kanca wangsul wonten griyanipun piyambak-piyambak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar