Sabtu, 30 September 2017
Topeng
Foto menika rikala kula wonten Mirota Batik badhe tumbas gantungan kunci ananging kula pengen ningali topeng ingkang dipun pajang wonten sakiwa tengening rak-rak wonten Mirota Batik menika.
Jumat, 29 September 2017
Band ingkang kula remeni
Foto menika rikala kula ningali konser band ingkang kula remeni inggih menika fourtwenty wonten TBY (Taman Budaya Yogyakarta)
Kamis, 28 September 2017
FKY
Menika foto kula lan kanca kula namanipun Wuri lan Ruska wonten FKY (Festival Kesenian Yogyakarta) panggenipun wonten Bantul.
Rabu, 27 September 2017
Hutan Pinus Dlingo
Foto menika rikala kula lan kanca kula namanipun Wuri lan Ara plesir wonten Hutan Pinus, Dlingo, Bantul.
Selasa, 26 September 2017
Mie Nyinyir
Mie Nyinyir
Kaya jenenge mie nyinyir, rasane pedes banget. Mie iki isa dituku ning Jalan Godean km 4,5 cedhak Giant. Warung Mie Nyinyir ana ing sisih tengen yen kowe saka wetan. Regane ya murah ming 7500 kanggo miene lan 2500 yen arep ditambah topping kayata ayam teriyaki, ayam jamur lan liya-liyane. Ing kene ya disediakke ombenan kayata teh, jeruk lan liya-liyane. Rasane lumayan enak, yen kowe ora seneng pedes ana mie original yaiku mie sing ora diwenehi sambel ananging yen koe seneng pedhes ana mie nyinyir level 30.
Senin, 25 September 2017
Kaliurang
Kaliurang
Dina minggu Aku dolan ning omahe Wuri ing Tempel. Omahe lumayan adoh tak tempuh kanggo montor kira-kira 30 menit. Tekan omahe Wuri aku disuguhi akeh banget panganan kayata lempeng, salak, peyek lan liya-liyane. Karo mangan panganan sing wis disuguhi Aku lan Wuri cerita-cerita ananging saya suwe saya bosen banjur Wuri muni "Ul ayo neng Kaliurang wae" "Ya ayo Wur ketoke penak banget iki nek mrana" saurku. Banjur Wuri salin klambi sing luwih wangun dianggo lunga "Ayo Ul aku uwis siap" banjur Aku lan Wuri numpak motorku sing tak parkir neng ngarep omahe Wuri. Aku lan Wuri ora pamit wong tuwane Wuri amarga lagi ning sawah. Ora suwe saka omahe Wuri tekan Kaliurang namung 15 menit. Aku lan Wuri banjur markir motor lan mlebu Wisata Kaliurang. Hawane adem banget, akeh uwit-uwitan ning kana. Banjur Aku lan Wuri foto-foto lan lingguhan karo mubengi Kaliurang. "Subhanallah endahe pandamel-Mu Gusti.." kandhaku.
Minggu, 24 September 2017
Ponakanku sing Ayu Dhewe
Ponakanku sing Ayu Dhewe
Aku duwe ponakan. Bocahe ayu tapi kemayu. Ya kepeneran kaya jeneng e, Kenes Ayu Rengganis Yudhantoro sing duwe teges putrine Pak Yudhantoro sing ayu lan kemayu. Kenes bocahe iyik banget, apa-apa ditekoni tapi kuwi awujud kapinterane bocah pengen reti apa-apa. Kenes seneng banget gawe uwong liya guyu karo polahe. Kenes saben dina dolan ning omahku, nek wis neng jero omah mesthi sing digoleki kursi biru banjur mengko ditumpaki karo diseret-seret rana rene karo guya guyu dhewe.
Sabtu, 23 September 2017
Ketemu Artis
Ketemu Artis
Aku lan Nica ketemu artis jeneng e Dion Wiyaka ing Pasti. Mas Dion Wiyaka pemain FTV luwih bagus raine nek delok langsung timbang saka tivi. Rasane bungah banget.
Jumat, 22 September 2017
Museum Sonobudaya
Museum Sonobudoyo
Aku lan kanca-kanca kelas PBD B 2016 lunga menyang Museum Sonobudoyo amarga entuk tugas saka dosen dikongkon delok naskah jawa kuna. Museum Sonobudoyo panggone ana ing cedhak Alun-Alun Utara. Aku mrana bonceng numpak motor e kancaku jeneng e Nica. Ora patio adoh saka kampus tekan Museum Sonobudoyo namung 15 menit. Aku lan kanca-kancaku mlebu Museum Sonobudoyo sakdurung e bayar sikik, regane tiket 3000 rupiah per uwong ananing amarga Aku lan kanca-kancaku rombongan dadi entuk diskon dadi 2500 per uwong. Neng njero museum akeh banget barang-barang pra sejarah kayata duit jaman bien, kapak persegi lan liya-liyane. Nanging Aku lan kanca-kanca ora lali tujuan e awakdhewe mrene yaiku delok naskah jawa kuna. Banjur Aku lan kanca-kanca takon marang sing jaga banjur sing jaga duduhake panggon sing dinggo nyimpen naskah jawa kuna lan didelokke Aku lan kanca-kancaku. Sakwise Aku lan kanca-kancaku foto kanggo bukti kanggo dosen e supaya percaya banjur mulih.
Kamis, 21 September 2017
Resensi Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna Wiwaha
Resensi Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna Wiwaha
Identitas Buku
1. Irah-Irahan :
Serat Pedhalangan Lampahan Harjuna
Wiwaha
2. Panganggit :
Diyono, BA.
3. Panerbit :
CV. Cendrawasih
4. Kacithak Wonten : Sukoharjo
5. Kacithak Warsa : 1997
6. Cacahing Kaca : 156
Kaca
Serat Pedhalangan
Lampahan Harjuna Wiwaha dening Diyono, BA menika nyariosaken lampahing Raden
Harjuna. Lampahan Harjuna Wiwaha menika nggadhahi teges “Perkawinan Harjuna”
syair menika dipun serat dening Mpu Kanwa ingkang gesang nalika jaman Raja
Airlangga, raja wonten Jawa Timur warsa 1019-1042. Harjuna menika salah
satunggaling lakon saking Mahabharata. Wonten menika ipun cariosaken kados
pundi Harjuna tapa brata wonten redi Himalaya gadhah kekarepan supados pikantun
kasaktian kangge merangi para gandarwa. Lampahan Harjuna Wiwaha menika dipun
damel kanthi adhedhasar pangertosan buku antawisipun lampahan Makutharama babon
Ki Wignyosutarno, lampahan Irawan rabi dening Ki Noyowirongko alias
Atmocendhono, serat lampahan Dewaruci dening Sudarko S.Kar. lan buku sulukan
dening Ki Darsomartono lan sanes-sanesipun.
Wonten pambuka menika
dipun cariosaken menawi dalemipun para Dewa utawi Bathara Indra dipun ancem
kaliyan para Gandarwa ingkang dipun pimpin dening raja ingkang kagungan nama
Niwata Kawaca. Namung tiyang sekti ingkang saged mupusaken kadurjanan menika. Piyambakipun
sampun siap kangge nyerang lan nremukake kahyangan Bathara Indra. Niwatakawaca
boten saged dipunkawonaken kaliyan sinten kemawon, mbok menika Dewa utawi buta
sanesipun. Amargi menika, Bathara Indra badhe nyuwun biyantu kaliyan tiyang
kangge nglawan buta kasebat. Tiyang ingkang dipun suwuni pitulung menika
namanipun Arjuna putra tengah Pandawa ingkang kala semanten saweg mertapa
wonten Gunung Indrakila.
Ananging
sakderengipun Bathara Indra nguji kasabaran Harjuna menawi nglampahi tapanipun.
Pitu widadari ingkang ayu-ayu dtimbali kangge nglampahi tugas menika. Widadari
ingkang langkung wigati saking pitu widadari menika namanipun Suprabha lan
Tilottama ananging boten saged godhani Harjuna. Saklajengipun rajanipun para
Dewa inggih menika Dewa Indra ingkang badhe nguji Harjuna.Dewa Indra menika
muncul dados wujud Resi ingkang dukani Hrjuna menawi tapa brata Harjuna ingkang
sampun dilampahi menika namung ngoyak pambebasan piyambakipun. Harjuna mangsuli
menawi kaslametan piyambak menika sanes ancasipun, ananging kaslametan tiyang
sanesipun. Dheweke kepengin biyantu kaluwarganipun saking perang pungkasanipun.
Raja Gandarwa badhe mateni Harjuna, Dheweke ngutus celeng ingkang gadhah nama
Momong Murkakangge ganggoni tapa Harjuna ananging Harjuna saged mateni celeng
kasebat. Ananging nalika Harjuna ngeculke panah, Bathara Siwa ugi ngeculake
panah dening celeng kasebat satemah kalih-kalihipun panah wau dados setunggal
lan mateni celeng kasebat. Lajeng padha rebutan sinten ingkang mateni celeng
kasebat. Menika ugi ujian kangge Harjuna, boten kepareng sombong. Ananging Harjuna
saged ngliwati ujian kasebat lan dipunparingi panah ajaib ingkang gadhah nama
Pasopati. Lan tapa bratanipun sampun pungkasan.
Utusan
saking khayangan dhateng nyuwun pambiyantu saking Harjuna kangge perang lawan
Niwata Kawaca. Harjuna boten seneng ananging tetep sarujuk. Dipun damel rencana
kangge perang menika. Kaliyan biyantu saking widadari Supraba ingkang sampun
dipun lamar dening raja Gandarwa lajeng Harjuna mangertos rahasia Niwata Kawaca
menawi pucuk ilathinipun kena dheweke bakal mati. Lajeng perangipun
dipuntindhakake lan Harjuna saged ngeculke panahipun lan ngenani lathinipun
Niwata Kawaca lan mati.
Kekurangan
1. Bahasa
ingkang dipun angge angel dipun mangertosi
2. Kertas
ingkang dipun angge buram satemah angel dipun waos
3. Boten
wonten daftar isinipun
Kelebihan
1. Isinipun
sampun lengkap
2. Sampulipun
sae amargi gadhah kathah werna werni
3. wonten kathah tuladha ingkang saged dipun tuladha saking serat menika
Rabu, 20 September 2017
Pasisir Somandeng
Pasisir Somandeng
Dinten minggu menika kula lan
kanca-kanca badhe bidhal Pasisir Somandeng. Kula nyuwun pamit kaliyan Bapak lan
Ibu wonten griya lan nyuwun arta kangge sangu lan tumbas bensin nalika wonten
margi. Kula lan kanca-kanca Kula kempal wonten MAN Yogyakarta 3 amargi sampun
nyaguhi kempal wonten mriku tabuh 7. Sakderengipun bidhal Kula lan kanca-kanca
ngecek sepedhah montoripun ingkang badhe dipun titih dhateng Pesisir Somandeng.
Nyambi nengga kanca-kanca sanesipun kempal Kula lan kanca-kanca ingkang sampun
dugi Kula lan kanca-kanca nedhi wonten burjo ngajeng MAN Yogyakarta 3 menika Kula
mangan omelet kaliyan ngombe es jeruk. Saklajengipun kanca-kanca sanesipun
sampun dugi MAN Yogyakarta 3 lan Kula lan kanca-kanca numpaki sepedhah motor
piyambak-piyambak lan ingkang boten beta menika bonceng wonten kanca ingkang
beta sapedhah motoripun. Kula lan kanca-kanca bidhal tabuh 9. Saking MAN
Yogyakarta 3 dumugi Pasisir Somandeng menika betahaken wekdal 2 jam. Kula lan
kanca-kanca dugi Pasisir Somandeng tabuh 11.
Dumugi Pasisir Somandeng Kula lan kanca-kanca markir montor
wonten panggenan ingkang sampun dipuncawisake. Saklajengipun Kula lan
kanca-kanca lenggah wonten gubug ingkang celak saking Pasisir Somandeng menika.
Nembe sekedhap mireng suara azan wonten mushola jejeripun gubug menika. Kula lan
kanca-kanca sholat rumiyin lajeng Kula la kanca-kanca nedhi malih wonten warung
amargi tanaganipun sampun telas wonten margi kala wau. Saklajengipun Kula lan
kanca-kanca gantos rasukan wonten pakiwan lan dolanan wonten Pasisir Somandeng.
Kula lan kanca-kanca nglangi wonten pasisir menika lan dolanan wedhi dumugi
sonten. Saklajengipun Kula lan kanca-kanca adus lan selfie wonten celak parkiran sapedhah montor lajeng wangsul. Sakderengipun
wangsul Kula lan kanca-kanca mampir wonten Pathuk. Wonten Pathuk menika wonten wisata
namanipun Bukit Bintang, wonten mriku kita saged ningali Kutha Ngayogyakarta
saking nginggil. Kathah lampu ingkang saged kita tingal sinambi nedhi dhaharan
wonten warung-warung Bukit Bintang menika. Dhaharan menika werni-werni, wonten
sega goreng, mie godhog, jagung bakar lan sakpanunggalane. Wonten unjukan ugi
inggih menika teh anget, es jeruk, jahe anget lan sakpanunggalane. Saklajengipun
Kula lan kanca-kanca wangsul wonten griyanipun piyambak-piyambak.
Selasa, 19 September 2017
Arung Jeram ing Kali Elo
Arung Jeram ing Kali Elo
Aku, Adekku lan Ibukku lunga menyang sekolahane Adekku. Mergane sekolahane Adekku arep nganakke outbond neng Magelang. Bapakku ora melu amarga lagi kerja. Jam 9 esuk Aku, Adekku lan Ibukku wis tekan sekolahane Adekku banjur mlebu bis sing wis dicepakke. 1,5 jam wis tekan ing Kali Elo, Magelang. Ing kana Aku lan Adekku arung jeram. Ibukku ora melu amarga ra nggawa klambi kanggo salin. Arung jeram e asik tenan. Klambi lan awakku klebus kabeh kena banyu. Sakwise arung jeram banjur aku lan Adekku salin klambi sing wis dicepakke ing tas sing tak gawa. Bubar salin Aku, Adekku, Ibukku lan sak rombongan saka sekolah e Adekku mulih Jogja maneh.
Senin, 18 September 2017
Wedhus Jawaku
Wedhus Jawaku
Aku nduwe wedhus jawa
Warnane putih, ireng lan coklat
Saben dina tak pakani suket lan godhong nangka
Wedhusku lulut banget
Ora tau gelem bijig
Wes tekan wayahe
Idul adha saya cedhak
Aku seneng karo wedhusku
Nanging aku luwih sayang karo Gustiku
Wedhusku tak ikhlaske
Kanggo kurban nggo uwong sek butuhake
Muga-muga isa kanggo tabunganku
Mlebu swarga karo keluargaku
Minggu, 17 September 2017
Takbiran
Takbiran
Takbiran kuwi adat istiadat saka uwong islam ing Indonesia. Takbiran dilakoni ing wayah wengi sakdurung e idul adha. Biasane takbiran dipengeti kanthi cara mubengi desa karo ngucapke "Allahu Akbar Allahu Akbar Allahu Akbar Laailaahailallahu Allahu Akbar Allahu Akbar Walillahilham" sambi nggawa obor utawa lampion.
Sabtu, 16 September 2017
Lemut
Lemut
Ing sawijining dina Ifah bali saka sekolah. Sakwise bali Iffah lingguhan neng teras omah karo nyelonjorke sikil amarga kesel banget, awak e pegel kabeh pengen banget rasane turu tapi uwis sore. Jarene ora oleh turu sore-sore amarga isa gampang pikun. Lagi wae nyelonjorke sikil reti-reti mak clekit, Ifah kaget banjur tangane nabok awak e sek kerasa lara mau. Ditiliki jebul ana lemut sing nyokot ing sikile. Ifah muring-muring dhewe banjur muni "kurang ajar, ora reti po nek aku lagi kesel malah dicokoti" karo nabok-nabok lemute sing uwis mati mau ngasi gepeng. Banjur Ifah lingguhan meneh let sedhilit mak clekit meneh jebul lemut e pindhah panggon sing nyokot saiki neng tangane banjur ditabok meneh karo Ifah. Lemute saya akeh sing nyokoti Ifah "woalaaah iki jenenge mati satu tumbuh seribu, kok akeh tenan lemute yo apa mergo aku durung adus" banjur Ifah menyat saka lingguhan langsung adus supaya ora dicokoti lemut meneh.
Jumat, 15 September 2017
Lombok Ijo
Lombok Ijo
Ing wayah isuk Aku lan Adhiku nandur lombok neng ngarep omah. Winih e digaringke banjur disebar ono ing besek. Sakwise thukul winih e banjur dipindah ono ing polybag. Saben dina ing wayah isuk lan sore Aku lan Adhiku gentenan nyirami tanduran lombok kasebut. Suwe-suwe lombokku soyo mundhak dhuwur lan subur. Lombok e padha njedhul akeh banget teng grandul ijo-ijo durung ngasi abang uwis dithotholi pitik. Ibukku banjur ngekon aku lan Adhiku methiki lombok iku sing ijo-ijo mergane timbang dithotholi pitik mending dinggo nyambel Ibukku. Sakwise lombok dipethiki saka uwit e banjur diresiki lan dikumbah banjur dilebokke blender bareng karo tomat, brambang lan bawang sakwise diblender dilebokke wajan lan dicampur karo uyah lan gula jawa.
Kamis, 14 September 2017
Kodok Ngorek
Kodok Ngorek
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek pinggir kali
Teyot teblung teyot teblung
Teyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter
Besok dadi dokter
Numpak apa numpak apa
Numpak kapal kabur
Bocah bodo bocah bodo
Jaluk dijamoni
Jamu apa jamu ap
Temulawak pahit
Kodok ngorek kodok ngorek
Ngorek pinggir kali
Teyot teblung teyot teblung
Teyot teyot teblung
Rabu, 13 September 2017
Resensi Serat Pepeling lan Pamrayoga
Resensi Serat Pepeling lan
Pamrayoga
Identitas Buku
- Judul Buku : Serat Pepeling lan Pamrayoga
- Penulis : Jayawigata
Hardjana HP (Alih Aksara)
3. Penerbit : Proyek Penerbitan Buku Sastra
Indonesia dan Daerah
4.
Tahun Terbit : 1980
5. Tempat Terbit : Jakarta
6. Ketebalan
Buku : 64 halaman
Ringkasan Buku
Buku kanthi judul “SERAT PEPELING
LAN PAMRAYOGA” dening Jayawigata menika nyariosaken babagan pepeling lan
pamrayoga kangge tiyang alit ingkang taksih kekirangan seserepan lan kangge
panuntuning lampah supados boten klentu ancer-anceripun ingkang sinedyakaken. Buku
menika dipun damel mawi sekar nanging tembungipun jaria kemawon sarta
pangiketing sekaripun inggih namung uger jangkep wicalanipun sarta angsal guru
lagu lan guru wilangan.
Ing wekdal menika masarakat Jawi
sampun sami katuwuhan wijining manah rukun sarta sami sumedya angangkah majeng.
Ing pundi-pundi kathah ingkang sami ngedekaken pakempalan. Tujuning sedyanipun
angangkah rukun sarta majeng ing panggesangan. Nanging sedaya pakempalan wau
dumuginipun menika kenginginipun wastani sampun sami dereng saged kalampahan
sedyanipun. Amargi tumindak masarakat Jawinipun dereng saged sae kados
suraosing pranatanipun.
Mbok menawi amargi kathah saking
warganipun ingkang ndherek pakempalan menika dereng sumerepdhateng jejering
pikajenganipun angangkah majeng. Malah kathah ingkang klentu serep, tindak lan
tandukipun namung nuwuhanken kaborosan lan
boten miturut unggah ungguh masarakat Jawi, satemah sami katingal wewah
rakaos panggesanganipun. Bilih leresipun sedaya wau kedah sami kaserep-serepaken
saperlunipun dening masarakat Jawi ingkang sampun sami kapilih dados pangajeng.
Nanging kathah masarakat Jawi ingkang dados para pangajeng wau boten saged
kasahit pangerehipun, wekasan masarakat Jawi wau kathah ingkang anyimpang
margi, boten miturut pikajengipun pakempalan .
Kekurangan Buku
- .Pepeling lan pamrayoga menika sampun sae ananging menawi dipunterapaken wonten masarakat Jawi ing era modern menika langkung angel amargi kahanan wonten masarakat Jawi era modern menika beda kaliyan masarakat Jawi wonten jaman rumiyin.
- Basa ingkang dipunginakaken angel dipunpahami kedahipun ngangge bahasa dipunginakaken saben dina kemawon.
- Sampul buku menika kirang menarik kedahipun dipun damel ngangge kathah werna werninipun.
Kelebihan Buku
1. Buku
menika sampun komplit ngewrat babagan pepeling lan pamrayoga.
2. Buku
menika ugi sae dipuncaosi arti kangge basa Indonesia supados tiyang ingkang
boten kedah basa Jawa saged mangertos isinipun buku menika.
3. Buku
menika sae kangge referensi menawi badhe ndamel makalah utawi karya ilmiah.
Langganan:
Postingan (Atom)