Kesusu
Dina iki dina senin,
jam pitu kurang limalas menit Aku lagi tangi. Ngendikane Ibuk Aku uwis digugah
jam lima nanging aku ora tangi-tangi. Aku muring-muring marang Ibuk “Lah Buk,
kok Kula boten digugah to? Kula sakniki sekolah lho”.
“Lha wong kowe ket mau
digugah lawange ngasi tak gedhor-gedhor yo ora tangi kok nyalahke Ibuk”. Wangsulane
Ibuk. Senajan isih ngantuk Aku tangi gemregah banjur tumuju kamar mandi nyaut
andhuk karo mbatin “Ah wes jam semene cetha telat iki wahjan”.
Banjur aku adus
bebek ora ngasi limang menit uwis rampung. Sakwise rampung adus Aku ganti
klambi biasa lan nyetrika klambi sragam sing arep tak anggo, nyetrikane yo ora
ana niatan babarblas ming nyetrika lan panggon klambi sragam sing isa ditutupi
kerudung ora tak setrika. Rampung nyetrika banjur klambi sragame tak anggo karo
mikir kurang apa maneh yo. Malah kelingan, mambengi Aku lali nata jadwal “Ealah
Gusti kok yo nganggo acara lali nata jadwal barang to” langsung buku-buku sing
dibutuhake tak lebokke tasku banjur salim karo Ibuk.
Bapak ning ngarep omah
uwis bengak-bengok “Yaaaak, sida diterke sekolah ora? Lek uwis, wis jam pitu
kliwat iki lho”. “Inggih pak, sekedhap Kula nembe ngagem sepatu niki lho”. Rampung
nganggo sepatu banjur bonceng motore Bapak, karo Bapak langsung diselah lan
digas “Pak sik banter nggih, Kula sampun telat niki” “Lha wis reti dina Senin
wayahe sekolah kok tangine karipan ki kepiye, yo ora nyalahke Bapak nek numpak
alon-alon. Salahmu dhewe kok digugah yo ora tangi-tangi”. Aku ming nyethuthuk
karo enggah enggih wae, amarga aku rumangsa nek Aku sing salah ora oleh
nyalahke wong liya.
Ananging ning atiku rasane deg-degan wedi nek mengko tekan
sekolah malah ora oleh mlebu amarga wes ditutup gerbange. Banjur Bapakku ngebut
amarga ngerasa mesaake karo aku. Aku bungah banget tapi Aku meneng wae amarga
wedi nek ganggu konsentrasine Bapak. Saking ngebute motor e Bapak pas penggokan
motore ngasi miring, ora isa diendani aku anjlog seka motore Bapak ananging
Bapak tetep ngegas motore. Untunge aku ora tiba ananging aku ndredeg ra karuan
amarga kaget banjur malah dadi bingung, Bapak uwis bablas lan aku ditinggal
ning penggokan banjur Aku mlayu banter banget nututi Bapak lan ngundang “Bapaaaaak..
Bapaaaaak.. Bapaaaaak.. Aku ketinggalan”
uwis ora urusan karo uwong-uwong sing ndelokke, ana sing ngguyukke barang. Pikiranku
wes tumuju Bapak sing bablas lan piye carane lehku menyang sekolah. Suwe-suwe
lehku mlayu saya alon amarga wis kesel, kringetku nggrojog kaya banyu ning
kali. Banjur Aku mlaku dhewe, tak tiliki jam sing ana ning hpku jebul wis jam
setengah wolu. Lemes,lara, bingung, mumet, kesel, mangkel dadi siji ra karuan
banjur aku lingguh ana ing trotoar “Wislah
rasah menyang sekolah, wis jam semene, ditinggal, rupaku yo wis ra karuan, bariki
bali wae lah”.
Rada suwi aku lingguh ning kono banjur aku balik arah ora tumuju
sekolah ananging tumuju omah, lagi pirang jangkah ana motor ngampiri Aku. Jebul kuwi
Bapak “Woalah yak tak goleki kowe ki, kok yo isa malah ning kene to kowe ki? Wong
mau boncengan karo Bapak lho” “Lha wau pas penggokan Kula dhawah, Pak” “Lha kok
iso tiba ki kepiye? Kok senengane aneh-aneh to kowe ki” Wangsulane Bapak
bingung. “Wau Bapak menggoke kemiringen banjur Kula anjlog saking motor” “Ana
sing lara ora?” “Boten Pak, ananging sakniki sampun telat Kula diterke wangsul
mawon” “Woalah nduk nduk, iki kabeh mergane apa jal? Merga kowe ora disiplin,
wayahe sekolah kudune reti kewajiban sing kudu ditindakke, ora usah dikongkon
maneh. Tangi gasik yo kudu saben dina ora ming nek arep sekolah wae to nduk. Wes
gedhe kudune saya mikir saya gedhe barang tanggung jawabe. Wis dina iki ora
sekolah ora popo. Dinggo pelajaran nggih nduk sisuk maneh aja dibaleni” karo
ngembik-embik arep nangis banjur tak wangsuli “Inggih pak, Kula nyuwun
pangapunten nggih”.
Ide cerita sae, lucu...nanging prelu ningali malih "realitas" menapa menika jumbuh menapa mustahil (masa dhawah Bapak boten pirsa?)
BalasHapusMiturut cariyosipun, taksih dados cariyos pengalaman. Prelu dipunpadosi konflik lan klimaks supados tambah gayeng.
JOOOS..!