Rabu, 25 Oktober 2017

Cerkak Kesusu

Kesusu



Dina iki dina senin, jam pitu kurang limalas menit Aku lagi tangi. Ngendikane Ibuk Aku uwis digugah jam lima nanging aku ora tangi-tangi. Aku muring-muring marang Ibuk “Lah Buk, kok Kula boten digugah to? Kula sakniki sekolah lho”. 
“Lha wong kowe ket mau digugah lawange ngasi tak gedhor-gedhor yo ora tangi kok nyalahke Ibuk”. Wangsulane Ibuk. Senajan isih ngantuk Aku tangi gemregah banjur tumuju kamar mandi nyaut andhuk karo mbatin “Ah wes jam semene cetha telat iki wahjan”.
 Banjur aku adus bebek ora ngasi limang menit uwis rampung. Sakwise rampung adus Aku ganti klambi biasa lan nyetrika klambi sragam sing arep tak anggo, nyetrikane yo ora ana niatan babarblas ming nyetrika lan panggon klambi sragam sing isa ditutupi kerudung ora tak setrika. Rampung nyetrika banjur klambi sragame tak anggo karo mikir kurang apa maneh yo. Malah kelingan, mambengi Aku lali nata jadwal “Ealah Gusti kok yo nganggo acara lali nata jadwal barang to” langsung buku-buku sing dibutuhake tak lebokke tasku banjur salim karo Ibuk.
 Bapak ning ngarep omah uwis bengak-bengok “Yaaaak, sida diterke sekolah ora? Lek uwis, wis jam pitu kliwat iki lho”. “Inggih pak, sekedhap Kula nembe ngagem sepatu niki lho”. Rampung nganggo sepatu banjur bonceng motore Bapak, karo Bapak langsung diselah lan digas “Pak sik banter nggih, Kula sampun telat niki” “Lha wis reti dina Senin wayahe sekolah kok tangine karipan ki kepiye, yo ora nyalahke Bapak nek numpak alon-alon. Salahmu dhewe kok digugah yo ora tangi-tangi”. Aku ming nyethuthuk karo enggah enggih wae, amarga aku rumangsa nek Aku sing salah ora oleh nyalahke wong liya.
Ananging ning atiku rasane deg-degan wedi nek mengko tekan sekolah malah ora oleh mlebu amarga wes ditutup gerbange. Banjur Bapakku ngebut amarga ngerasa mesaake karo aku. Aku bungah banget tapi Aku meneng wae amarga wedi nek ganggu konsentrasine Bapak. Saking ngebute motor e Bapak pas penggokan motore ngasi miring, ora isa diendani aku anjlog seka motore Bapak ananging Bapak tetep ngegas motore. Untunge aku ora tiba ananging aku ndredeg ra karuan amarga kaget banjur malah dadi bingung, Bapak uwis bablas lan aku ditinggal ning penggokan banjur Aku mlayu banter banget nututi Bapak lan ngundang “Bapaaaaak.. Bapaaaaak.. Bapaaaaak..  Aku ketinggalan” uwis ora urusan karo uwong-uwong sing ndelokke, ana sing ngguyukke barang. Pikiranku wes tumuju Bapak sing bablas lan piye carane lehku menyang sekolah. Suwe-suwe lehku mlayu saya alon amarga wis kesel, kringetku nggrojog kaya banyu ning kali. Banjur Aku mlaku dhewe, tak tiliki jam sing ana ning hpku jebul wis jam setengah wolu. Lemes,lara, bingung, mumet, kesel, mangkel dadi siji ra karuan banjur aku lingguh ana ing trotoar  “Wislah rasah menyang sekolah, wis jam semene, ditinggal, rupaku yo wis ra karuan, bariki bali wae lah”. 
Rada suwi aku lingguh ning kono banjur aku balik arah ora tumuju sekolah ananging tumuju omah, lagi pirang  jangkah ana motor ngampiri Aku. Jebul kuwi Bapak “Woalah yak tak goleki kowe ki, kok yo isa malah ning kene to kowe ki? Wong mau boncengan karo Bapak lho” “Lha wau pas penggokan Kula dhawah, Pak” “Lha kok iso tiba ki kepiye? Kok senengane aneh-aneh to kowe ki” Wangsulane Bapak bingung. “Wau Bapak menggoke kemiringen banjur Kula anjlog saking motor” “Ana sing lara ora?” “Boten Pak, ananging sakniki sampun telat Kula diterke wangsul mawon” “Woalah nduk nduk, iki kabeh mergane apa jal? Merga kowe ora disiplin, wayahe sekolah kudune reti kewajiban sing kudu ditindakke, ora usah dikongkon maneh. Tangi gasik yo kudu saben dina ora ming nek arep sekolah wae to nduk. Wes gedhe kudune saya mikir saya gedhe barang tanggung jawabe. Wis dina iki ora sekolah ora popo. Dinggo pelajaran nggih nduk sisuk maneh aja dibaleni” karo ngembik-embik arep nangis banjur tak wangsuli “Inggih pak, Kula nyuwun pangapunten nggih”.

Selasa, 24 Oktober 2017

Taksih maba

Foto menika rikala kula lan kanca kula inggih menika Nica taksih maba utawi mahasiswa enggal. Foto menika dipun pendhet wonten ngajengipun rektorat UNY.

Senin, 23 Oktober 2017

Sega Kucing

Foto menika inggih menika sega kucing. Miturut kula menapa dipun sebat sega kucing amargi porsi ingkang dipun samektakaken. Sega kucing saged dipun panggih wonten angkringan. Sega kucing isinipun ugi werni-werni inggih menika wonten teri, jangan kacang panjang utawi oseng tempe.

Minggu, 22 Oktober 2017

Syawalan

Foto menika rikala kula lan kanca-kanca kula saking kelas 12 MAN Yogyakarta 3 ngawontenaken syawalan wonten griyanipun kanca kula inggih menika Fachri.

Sabtu, 21 Oktober 2017

PBD B 2016

Foto menika rikala kula taksih mahasiswa enggal kaliyan kanca-kanca kula saking PBD (Pendidikan Bahasa Daerah) kelas B 2016 UNY (Universitas Negeri Yogyakarta). Kelas kula wonten 22 tiyang, 5 tiyang jaler lan 17 tiyang estri.

Jumat, 20 Oktober 2017

Adhiku Pentas

Foto menika rikala kula sak keluawarga ningali adhi estri kula rikala pentas wonten Stadion Kridosono.

Kamis, 19 Oktober 2017

Monjali

Foto menika rikala kula lan kanca-kanca kula namanipun Nica, Arum lan Ega wonten saklebeting Monjali utawi Monumen Jogja Kembali.

Rabu, 18 Oktober 2017

Khataman

Foto menika rikala kula lan kanca-kanca kula kataman wulan ramadhan.

Selasa, 17 Oktober 2017

Sunmor


Foto menika rikala kula lan kanca-kanca kula wonten sunmor utawi sunday morning wonten marginipun UNY celak Fakultas Teknik.

Senin, 16 Oktober 2017

Warung Makan

Foto menika nalika kula lan kanca kula namanipun Ruska lan Momon madosi warung makan seafood lan mangan wonten mrika

Minggu, 15 Oktober 2017

Sowan

Foto menika rikala kula lan keluwarga ageng kula sowan dhateng budhe kula wonten Bantul.

Sabtu, 14 Oktober 2017

Promnight

Foto menika rikala kula lan kanca-kanca saking MAN Yogyakarta 3 ngawontenaken promnight. Promnight menika adicara kangge perpisahan kaliyan kanca-kanca saking MAN Yogyakarya 3 amargi badhe lulus lan nglajengaken pendidikanipun piyambak-piyambak.

Jumat, 13 Oktober 2017

Sesima

Foto menika rikala kula ndherek sesima kaliyan HIMA Jawa wonten Desa Wonomulya, Seyegan, Sleman, Yogyakarta. Wonten foto menika tiyang jaler ingkang dipun pacaki dados tiyang wadong kangge pawai ngubengi desa menika lan kathah tiyang sanesipun ngagem rasukan werni-werni lan bekta gunungan ingkang dipun bekta dumugi lapangan ingkang celak saking desanipun.

Kamis, 12 Oktober 2017

Pangkur

Ayo nembang sesarengan..


Pangkur

Nimas ratu kalinyamat
Tilar wisma sumengka angganing wukir
Tapa wuda sinjang rambut
Aneng gunung danaraja
Apratignya tan arsa tapihan ingsun
Yen tan antuk adiling hyang
Patine sedulur mami

Rabu, 11 Oktober 2017

Megatruh

Ayo nembang sesarengan..


Megatruh

Sigra milir sang gethek sinangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngarsa miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kiring
Sang gethek lampahnya alon

Selasa, 10 Oktober 2017

Asmarandana

Ayo nembang sesarengan..


Asmarandana

Anjasmara ari mami
Mas mira kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha purbalingga
Prang tandhing lan wurubisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra

Senin, 09 Oktober 2017

Sinom Rujak Jeruk

Ayo nembang sesarengan..


Sinom Rujak Jeruk

Angadhang ing tengah lawang
Rajang-rajang iris-iris
Kawula reracik rujak
Tan kendhat tansah cecawis
Mugi dadiya jampi
Rujake kinecer jeruk
Ing layah lambah-lambah
Gula jawa lombok rawit
Ora suwe bapakne thole wis teka

Minggu, 08 Oktober 2017

Dhandhanggula

Ayo nembang sesarengan..

Dhandhanggula

Semut ireng anak-anak sapi
Kebo bongkang nyabrang ing bengawan
Keyong godhang trak sungute
Timun pikulan wolu
Surabaya geger kepati
Geger wong moyak macan
Den wadhahi bumbung
Alun-alun kartasura
Gajah mita cinancang wit sidagari
Mati cineker ayam

Sabtu, 07 Oktober 2017

Pucung

Ayo nembang sesarengan..

Pucung

Ilmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara

Jumat, 06 Oktober 2017

Gambuh

Ayo nembang sesarengan..


Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Aja nganti kabanjur
Sabarang polah kang ora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Ing pitutur kang sayektos

Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lanum becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh

Si kidang umbagipun
Ngendelaken kebat lompatipun
Pan si gajah ngendelaken ageng inggil
Ula ngendelaken iku
Mandine kalamun nyakot

(Serat Wulangreh, Sinuwun Paku Buwana IV)


Kamis, 05 Oktober 2017

Kinanthi

Ayo nembang sesarengan..


Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijir mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesonen sarira nira
Cegah dhahar lawan guling

Rabu, 04 Oktober 2017

Nalika MAN

Foto menika nalika kula taksih kelas 12 sekolah wonten MAN Yogyakarta 3.

Selasa, 03 Oktober 2017

Tebing Breksi

Foto menika rikala kula lan kanca kula namanipun Wuri lan Ara plesir wonten Tebing Breksi, Yogyakarta.

Senin, 02 Oktober 2017

Tenun Lurik

Foto menika rikala kula lan kanca-kanca setunggal kelompok observasi wonten Lurik Kembang Maju Mandiri wonten Moyudan, Godean, Sleman, Yogyakarta.


Minggu, 01 Oktober 2017

Solo

Foto menika rikala kula plesir wonten Solo, Jawa Tengah. Kula foto saking becak ingkang kula tumpaki.